Selasa, 17 Mei 2016

Pengalamane Inyong Ngurus Perpanjangan SIM C Dhewek



Ra krasa jebul masa berlaku SIM C-ne inyong wis arep entong neng akhir Mei. Berarti inyong kudu gageyan memperpanjang kiye. Soale, menurut info sing tek waca neng media online, nek perpanjangan SIM telat sedina bae kudu gawe anyar. Kiye link beritane: Perpanjangan SIM.

Nah, dina Setu wingi tanggal 14 Mei, ngepasi inyong mudik Purwokerto, tek manfangatna nggo ngurus perpanjangan SIM C. Seelingku sih, dina Setu kantore pak Polisi tetep bukak. Moga-moga Setu kiye ya ora berubah alias tetep bukak. Ben olih antrian gasik, niate inyong mangkat gasik. Tapi berhubung ana keperluan, jam setengah sanga inyong nembe bisa budhal sekang umah. Nganggo motor inyong langsung njujug kantore pak Polisi sing ngurusi SIM. Panggonane neng sebelah kidul SMAN 1 Purwokerto, cedheke tugu eks karesidenan mBanyumas.

Nggo perpanjangan SIM C, dokumen sing dibutuhna yakuwe fotokopi SIM C (sing esih berlaku) karo fotokopi KTP (ya sing esih berlaku juga). Terus mesti periksa/KIR kesehatan. Pas inyong tekan bagian KIR kesehatan, jebul antriane wis akeh banget. Bar njukut nomer antrian, bareng tek deleng olih nomer 127. Waduh bakal suwe kiye nunggune. Tapi jebul ora. Sekali dipanggil, sing mlebu ruangan jumlahe wong rong puluh. Pemeriksaane juga Pemeriksaane juga lumayan cepet.  Pas giliran inyong, karo petugas wadon dikon mbayar seket ewu. Bar kuwe inyong dikon geser maring  petugas lanang sing nyanding laptop. Karo petugas kiye inyong dikon nempelna jari trus ndeleng maring kamera. Rampung, diwei struk hasil pemeriksaan kesehatan. Bar kuwe terus pindah maring bagian perpanjangan SIM. Pertama, njaluk formulir perpanjangan SIM neng loket 2, terus diisi datane inyong. Bar ngisi data trus mbayar biaya perpanjangan SIM neng loket BRI. Biaya perpanjangan SIM C pitung puluh lima ewu perak. Nek wis mbayar terus berkase diserahna maring loket penerimaan berkas, diperiksa sedhilit trus diwei nomer antrian nggo nunggu panggilan foto.

Neng bagian foto kiye sing mandan semrawut. Pas giliran nomere inyong dipanggil, inyong gageyan mlebu ruang foto. Inyong kaget, neng kene wis akeh wong pada ngantri nunggu giliran difoto. Petugase mung loro, lagi pada nglayani kabeh. Inyong dadi clingak-clinguk golet kursi kosong. Ra ana kursi kosong terpaksa inyong ngadeg neng cedhek lawang karo ngamati situasi. Bareng sing dilayani wis rampung, petugas fotone nyeluk jeneng wong sing arep difoto berikute. Bar nunggu pirang-pirang menit akhire inyong dipanggil. Prosese simpel banget. Pertama nempelna jempol neng alat sensor, dilanjut teken neng alat sing disediakna. Terakhire nembe difoto. Rampung, gari nunggu SIM-e dicetak. Ra nunggu suwe akhire inyong nampa SIM sing anyar. Total wektu sing dibutuhna ora nganti rong jam. Menurut inyong sih termasuk lumayan cepet.



Umume sih, pelayanan perpanjangan SIM (C) neng kantor Polisi kene menurut inyong wis cukup apik. Tapi esih ana beberapa hal sing esih bisa ditingkatna yakuwe:
  1. Ruang KIR kesehatan kurang representatif, masa ruang KIR nganggo garasi rumah dinas. Nunggune juga neng halaman garasi. Emang sih wis disediani kursi karo tenda, tapi jumlahe kurang. Dadine akeh wong sing pada ngadeg. Letake juga mandan adoh karo bagian perpanjangan SIM. Rampung KIR, nek arep maring bagian perpanjangan SIM kudu udan-udanan apa panas-panasan dhisit. Nek bisa sih ruang KIR digawe sepanggonan utawa jejeran karo bagian perpanjangan SIM ben praktis.
  2. Ruang perpanjangan SIM sih wis lumayan apik  lan nyaman. Mung menurut inyong posisi loket mesti diubah urutane. Sekang pintu masuk mestine dimulai loket 1, loket 2 lan seteruse. Ben ora mbingungi sing nembe mlebu.
  3. Ruang fotone sempit, antriane akeh. ngelewihi daya tampung kursi sing disediakna. Nek memungkinkan sih, ruangane diperluas. Tapi nek ora nana tempate, bisa disiasati nganggo nomer antrian, trus nembe mlebu ruangan. Dadine ora sumpek karo semrawut.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar