Direktur Keselamatan dan Pelayanan DAMRI...
Bar e inyong diangkat dadi Direktur Keselamatan dan Pelayanan
neng perusahaan bis pelat abang DAMRI, tugas sing abot wis ngadang neng ngarep
mata. Sempet kaget juga, bisa-bisane inyong diangkat dadi Direktur neng
perusahaan kiye. Alasane jere simpel bae. Inyong kuwe pengguna setia bis DAMRI
jurusan Jakarta – Purwokerto ben dina Jumat selama siji setengah taun. Aneh ya?
Tapi priben maning. Surat keputusan wis diteken, pelantikane juga wis rampung
dilaksanakna.
Sejujure inyong mandan ra pede dadi
direktur neng DAMRI. Inyong ra nana pengalaman babar blas neng bidang
transportasi darat. Pengalamane inyong ya mung dadi penumpang bis DAMRI ben
dina Jumat sore. Tek etung-etung ya wis lumayan suwe, siji setengah taun. Tapi
apapun pengalamane, tugas kiye kudu dilaksanakna demi perusahaan. Setuju ya?
Nah, sebagai direktur anyar aku mesti
mikirna program-program sing apik nggo kemajuane perusahaan. Istilah keren e jaman
siki: visi lan misi. Sing tek pikirna dhisit tentune sing ana kaitane karo pengalamane
inyong sebagai pengguna bis DAMRI antar kota. Program e inyong yakuwe:
1. Peremajaan bis
Menurut
pengamatane inyong, bis DAMRI antar kota sing maring Purwokerto, Purbalingga,
Bobotsari, Wonosobo, Cilacap, Purworejo, Jogja wis padha tua umure. Keton
sekang bodine sing model lawas. Inyong tau ngobrol karo awak bis e, nek bis
antar kota sing tek tumpake kuwe bekas e bis bandara. Wah.. bis bekas ya. Pantesan,
bis sing tek tumpaki tau mogok. Selawase setahun setengah ngebis DAMRI, ana ping
telu ngalami mogok. Ora mung inyong sing ngalami, kancaku pernah ngalami mogok
juga. Akibat umure wis tuwa, nek lagi mlaku bodine dadi brisik kaya akeh sing
kendor mur baute. Interior e juga katon mblekethek, elek. Tempat duduk empuke
wis padha kurang, gawe bokong pegel lan panas. Malah ana sing wis lapisane pada
suwek. Setelan (recleaning seat) juga
ana sing macet. Trus AC-ne juga kadang-kadang bocor, banyune netes sekang
nduwur kaya udan. Masa penumpange kudu nggawa payung? Nah, nggo peremajaan bis
kiye usulane inyong sih secara bertahap. Tapi nek pemerintah gelem aweh modal penyertaan
maning ya monggo.. bisa langsung diganti kabeh. Setuju?
2. Modernisasi tiketing nganggo IT
Pingine
inyong, tuku tiket bis kuwe bisa onlen kaya tuku tiket sepur. Tinggal klak klik
neng ngarep komputer utawa nyak nyuk nganggo hp. Bisa juga pas lagi blanja
keperluan sehari-hari sekalian tuku tiket bis neng minimarket sing melu kerja
sama karo DAMRI. Inyong jane mandan isin, PO sebelah wis ana sing dodolan tiket
liwat onlen, lho! Masa BUMN kalah dhisit karo swasta?
Keuntungan tiketing
via onlen, kabeh penumpang bis dadi terdata. Pendapatan tiket juga secara real
time langsung bisa dimonitor. Terus nek ana apa-apa juga gampang golet datane. Suatu
saat mengkone data penumpang sing kesimpen bisa dianalisis lan dipelajari
karakteristik lan perilakune. Apa maning nek ora nggo ningkatna pelayanan karo
pendapatan perusahaan mbok...
3. Ningkatna layanan penumpang
Konsumen kuwe
macem-macem perilaku karo kepenginane. Kepenginan lan kebutuhane menungsa
memang sifate ora terbatas, sementara sumber daya sing ana terbatas jumlahe.
Sebagai direktur pelayanan, inyong duwe angen-angen nek konsumen bis DAMRI
ngrasa puas nglewihi dhuwit sing dibayarna. Konsumen ora mung sekadar dadi
penumpang thok, numpak bis trus dianter gutul kota tujuan. Inyong pingin
penumpang bis DAMRI puas lan olih nilai tambah. Nah, ben pada puas, inyong kudu
ngerti kekarepane konsumen DAMRI. Misale kepengin tempat duduk sing kaya apa.
Trus jarak tempat duduke kurang longgar apa ora. Butuh tambahan toilet neng bis
apa ora. Ruang khusus kebal-kebul nggo sing udud perlu disediakna apa ra usah.
Perlu ditambah tv, karaoke, wifi, colokan charger hp apa ora. Selain kuwe,
servis tambahan misale wedang teh/kopi, trus mangan neng restoran pas istirahat
perlu dipikirna juga. Soale ana bis liya sing nyediakna servis tambahan kaya
kuwe. Bis DAMRI jane ya wis nyediakna servis tambahan kaya kuwe, yakuwe snack
karo banyu. Sayange servis kiye mung pas wulan puasa thok, yakuwe nggo takjil
buka puasa. Apik jane kiye, perlu dipertimbangna kelanjutane neng selain wulan
puasa sebagai wujud pelayanan prima.
Sedurunge bis
mangkat, penumpang mestine nunggu neng ruang tunggu. Ning kenyataane akeh sing nunggu
neng tempat selain sing wis disediakna, misale ngadeg neng sebelah e bis sing
lagi parkir. Menurut inyong kiye mergane ruang tunggu sing ana kurang memadai.
Ana juga sing dudu penumpang pada njagong neng ruang tunggu. Targete inyong ruang
tunggu kudu nyaman nggo penumpang kaya neng stasiun sepur.
Selain ruang
tunggu, fasilitas sing mesti ana nggo penumpang yakuwe toilet sing memadai,
bersih lan nek bisa ya gratis. Mushola juga mesti sing memadai. Memang sih wis
ana, tapi nek penumpang lagi rame dadi ora cukup, sek-sekan, kudu sholat
ganti-gantian. Mestine sih diperluas maning.
Berikute
sing ana kaitane karo perbaikan layanan penumpang yakuwe optimalisasi waktu
tempuh. Menurut inyong waktu tempuh sing biasa dilakoni esih bisa dipangkas.
Cara sing pertama yakuwe ngurangi jumlah cek poin. Sing wis berjalan saiki
jumlah cek poin e ana loro, neng Cirebon karo Bumiayu. Nek cek poin Bumiayu
dihapus, paling ora bisa ngirit setengah jam. Keloro, jalur sing dilewati bis
terutama mulai mangkat sekang pul Kemayoran. Paling sering bis DAMRI sing
mangkat sekang pul Kemayoran lewate PRJ Kemayoran, ngalor ngliwati Ancol terus
mlebu tol Pelabuhan terus nyambung tol Cawang – Priuk. Sekang pul Kemayoran
gutul Cempaka Mas diukur nganggo gugel map sekitar 20 km. Umpamane pak supir
njukut jalur sing liwat Cempaka Putih,
gutul Cempak Mas mung sekitar 6 km.
Secara jarak luwih cedek 14 km! Durung maning sedurunge mlebu tol Pelabuhan
biasane pak supir ngisi solar dhisit. Tambah suwe kan?
4. Ningkatna aspek keselamatan lan
kedisiplinan
Menurut info
sing tek waca neng media onlen, masinis sepur jarak jauh maksimal kerjane 4 jam,
terus istirahat dhisit. Beda karo supir, sewengi mbethetet nggawa kendaraan dhewek
ra nana gantine. Pak supir hebat ya? Beneran hebat apa merga tuntutan pekerjaan?
Melek sewengi mbok rawan ngantuk. Ngantuk sedhilit baen mbok cilaka... kayane
perlu ana kajian/penelitian proporsi nyupir sing aman ra ngantuk tapi juga ora
merugikan keuangan perusahaan. Terus sing ra kalah penting, supir sing arep
tugas kudu diperiksa dhisit kesehatane. Nek lagi kurang sehat ya ora olih
dinas. Tinimbang mbahayakna penumpang karo pengguna dalan liyane.
Selain kuwe,
kedisiplinan awak bis esih perlu ditingkatna. Nek wis wayahe mangkat ya ndang
mangkat. Biasane sedurunge mangkat, ana pengecekan penumpang karo penyelesaian
administrasi. Kiye biasane butuh wektu mandan suwe lan kudu dadi target
perbaikanne inyong ke depane. Trus esih ana juga calo karo awak bis sing esih
gelem nambah penumpang meskipun tempat duduk wis kebek. Hal kiye tentune kudu
ditindak tegas. Soale kiye termasuk ora jujur, perbuatan korupsi lan tentune
ngrugikna perusahaan. Saben Jumat aku numpak bis, ana baen penumpang gelap sing
ra tuku tiket resmi trus manggon neng nduwur mesin. Sing kaya kiye kudu
ditertibna. Ora jujur kok dipelihara. Percuma ana pengecekan penumpang ngasi
ping loro, tapi penumpang gelap tetep esih ana... Masa kalah disiplin karo bis patas
swasta?
Lagi enak-enake mikir program
perusahaan, ujug-ujug inyong ngrasakna getaran sing berulang. Inyong dadi kaget,
terus mbukak mata karo kriyap kriyep. Jebul bis DAMRI sing tek tumpaki nembe
ngliwati pita penggaduh sedurunge gerbang tol Palikanci km 223. Pantesen
gemredeg nganti nangekna inyong sing lagi ngimpi dadi direktur. Bubar
kabeh program-program sing lagi tek susun...
Komentar
Posting Komentar